Raden Dhestarastha iku
putrane Begawan Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama
Widura. Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan putra cacahe
satus, ing antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka,
Durmaganti,Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh meneh.
Gandheng cacah satus mula
diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail,
methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng
Raden Destharastra kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama
karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa
Yudistira ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena satriya ing
Jodipati,sing panengah Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing
waruju kembar aran Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa
satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga
cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe
guru yaiku Begawan Durna saka padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu
Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya NgASTINA besuk
dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani
janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake
banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora
gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane
kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan
Pandhawa mau diarani perang Barathayuda. Papan panggonane perang Barathayudha wonten ing tegal kurusetra

Posting Komentar