Tembang
Macapat yaiku tembang utawa puisi tradisional ing tlatah Jawa sing
paugeran–paugerane ono telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Ing ngisor iki bakal tak jelaske apa iku tembang macapat. Tembang macapat cacahe
ana sewelas, yaiku (1) maskumambang, (2)mijil, (3) sinom, (4) kinanti, (5)
asmarandana, (6) gambuh,(7) dandanggula, (8) durma, (9) pangkur, (10)
megatruh,dan (11) pucung.
Asal mulane macapat isih ditliti
dening para ahli sastra lan budaya Jawa. Ana sing percaya digawe dening Prabu
Dewawasesa utawa Prabu Banjaran Sari ing Sigaluh ing taun 1279 Masehi. Panemu
liyane mratelakake yen macapat ora digawe dening wong siji, nanging dening sawetara
wali lan bangsawan. Pangripta kasebut antawisipun Sunan Giri Kedaton, Sunan
Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Muryapada, Sunan Kali Jaga,
Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan
Adi Eru Cakra, lan Adipati Nata Praja.
Nalika Islam teka ing Tanah Jawa,
para Wali Sanga nggunakake macapat minangka sarana dakwah lan nyebarake agama
Islam ing pulo kasebut. Geguritan kang kinandhut ing tembang macapat iku akeh
kang ngandharake nilai-nilai kang diwulangake ing Al-Qur’an. Tuladhanipun
wonten ing Al-Qur’an wonten ayat ingkang maos Kullu nafsin dzaaiqotul maut
‘saben nyawa mesthi mati’ ingkang dipunandharaken ing macapat megatruh ingkang
tegesipun misahaken jiwa kaliyan raganipun manungsa. Wonten ing tembang macapat
megatruh ingkang tegesipun pejah menika kathah piweling ingkang dipunandharaken
supados saben tiyang tansah nindakaken kabecikan minangka bekal gesang ing
akhirat.

Posting Komentar