Ing jaman saiki, sinau basa Jawa kuwi penting banget kanggo bocah-bocah supaya padha kenal lan tresna marang budayane dhewe. Salah siji piranti sinau sing migunani yaiku kamus basa Jawa ngoko–krama. Kanthi kamus iki, bocah bisa luwih gampang ngerti bedane tembung saben dina (ngoko) lan tembung sing luwih ngajeni (krama).
Kamus iki digawe supaya bocah-bocah bisa maca lan ngerti kanthi gampil. Tembung-tembungé dipilih sing kerep digunakake ing sekolah lan ing omah, banjur diwenehi padanané ing basa krama. Kanthi mangkono, supaya bisa sinau nganggo rasa seneng lan ora rumangsa kangelan.
Muga-muga kamus iki bisa dadi kanca sinau sing nyenengake, nambah pangerten basa Jawa, lan mbantu luwih bisa ngajeni wong liya liwat cara ngomong sing becik. Semoga bocah-bocah kabeh saya pinter lan tresna karo basa jawa.

Posting Komentar