Ing pasinaon saben dina, bocah-bocah perlu ngerti tembung-tembung dhasar sing kerep digunakaké nalika bebrayan, salah sijiné yaiku perangané awak. Supaya luwih gampang lan luwih ngerti unggah-ungguhing basa, dibutuhake kamus basa Jawa ngoko–krama sing nerangake arane perangan awak. Ing njero kamus iki, bocah bisa nemokake tembung-tembung ngoko sing saben dina digunakaké, lan uga wujud kramané. Kanthi cara iki, bocah ora mung ngerti jeneng-jeneng perangan awak, nanging uga sinau tatakrama nalika ngomong karo wong sing luwih tuwa utawa guru. Muga-muga kamus iki bisa dadi kanca sinau sing migunani, nambah kosakata basa Jawa, lan mbantu bocah supaya luwih trampil nggunakake basa jawa kanthi luwih becik saben dina. Mugi sinau basa Jawa dadi luwih nyenengake nggih.

Posting Komentar