Tembang Gambuh

 

Gambuh

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kalantur.

Tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh.

Kapatuh pan dadi awon.

 

Iki kelakuane wong sing bandel. Sapa sing ora ngrungokake pitutur bakal ngrusak uripe. Iki amarga padha golek bebener dhewe. Kadhang-kadhang ketemu sawise pirang-pirang pacoban, kadhangkala ora bisa ditemokake. Uripe ora bisa dikendhaleni, lan wektune ilang kanggo nyoba. Nanging, yen dheweke gelem ngrungokake tuntunan, pengalaman, lan pitutur saka wong liya, uripe bakal luwih kepenak.

0/Post a Comment/Comments